Selasa, 19 Oktober 2021

NIK PINGIN ATINE AYEM....

1.ojo di arani sugih ing ndalem pangkat utowo ing ndalem bondo.
Sugih iku nang njero ati sg nerimo.
2.ojo di arani kepenake awak ning njero perabot,
Kepenake awak iku ing ndalem badan sing sehat
3.ojo anggeb rizki nang nduwur bumi
Rizki iku wis di cetak ng nduwur langit
Sing sugih ayo podho syukur
Sing mlarat ayo podho sabar
Rejeki wis ketaker
ora bakal ketuker
4.ojo kecelek bondo akeh sak enake iso ibadah,
Ojo diarani sugih iso nyempetno ibadah,akeh wong sugih bondo ora sempet ibadah,wong sg iso ibadah iku sing nyempatno.
Nik kerjo ojo diniati golek duit tapi diniati ibadah
Duit gurung mesti oleh,tapi ganjaran ws oleh,nak diniati badah ora bakal kecewa

Tidak ada komentar: