Pitutur jowo
Assalamu'alaikum wr...wb
Bismillahi : Ngawiti ingsun kelawan nyebut
asmane ALLAH
Arrohmani : Sifat dzat kang maringi welas asih
Arrohimi : Tur kang paring rohmat takdzim
Dumateng pe maos sedoyo pertama-tama
monggo tansah muji syukur dateng ngarsanipun
Gusti ALLAH SWT ingkang sampun maringaken
daten kito sedoyo kesehatan,ke imanan,ke
iklasan , rahmat ,nikamt,hidayattipun kagem
kito,
Sholawat soho salam ugi kito aturaken
dumateng junjungan kito nabi agung MUHAMAD
SAW mugi-mugi kito sedoyo mbinjang angsal
syafattipun ing dinten akhir ,,,,
Mangertenono....!!!!!!
sejatining manungso urip ing ngalam nduyo iki
mung jejer titah sak wantah duwene mung lali
karo salah,mulo ojo podho kakean polah,siro
urip ono kang nguripno,siro gedhe ono kang
nggedekno,siro sugih ono kang nyugihno,mulo
ojo podho adigang adigung adiguno,ojo dak sio
marang sak podho-podho,maksiatte
lerennono,lek pingin mulyo manutto tuntunane
AGOMO,,,,termasuk lerenno anggene nglakoni
MOLIMO......
SAK BEJO BEJANE WONG LALI ISIH LUWIH
BEJO WONG KANG SENG EILING LAN
WASPODHO
Mempeng ngaji lali rabi
NGAJI IKU PENTING
OJO
SENG PENTING NGAJI
Ngaji iku sangune mati,,,,,,,,,
Mumpung isih mudo ngajine temenono
ngelingono yen wes tuo supoyo ora kuciwo
WOLAK-WALIK ING ZAMAN
Seng penting di anggep ora penting, Seng
ora penting di penting-pentingno
Seng apik di elek-elek, Seng elek di anggep
apik
Seng bener di salahno ,seng salah di bener-
bener no
Seng jane tontonan di anggep tuntunan,
Seng mestine tuntunan malah dadi tontonan
Ora ono manungso seng sempurno
Ora ono manungso seng ora nduwe duso
Mulo podho enggal-enggal tobatto
Mumpung durung di timbali marang seng
KUWOSO
Zamane wes akhir.akeh wong kang podho
loro pikir
Yen ora di tambani dzikir akhire akale
jungkir
sa'iki zaman wes edan,akeh wong seng
kang kelangan iman
yen gak di tambani qur'an iso2 dadi edan
tenanan
Zamane zaman edan,akeh menungso podho lali
karo pengeran
Ngaku agamane islam tapi gak gelem
sembahyang
Hobine maksiat sak ndalan-dalan
Nyambut gawe podho sungkan,bandane
tanggane malah di gae rayaan
Zamane-zaman maju ,akeh wong wadhon
podho kemayu
Lek bengi podho metu ngguya-guyu,mung trimo
mamerne pupu
Turut ngisor waru jebulle mung payu sewu
Zamane-zaman globalisasi,akeh uwong wes lali
karo dzat kang moho suci
Akeh santri seng podho gak gelem ngaji,ugo
akeh kyai seng lali karo santri
Malah melu-melu rebutan kursi
Manungso kui di titah podho, nanging lek
masalah bondo di jatah bedo
Mulo manungso iku wajibpe mung usaha karo
dungo
Intuk rezeki sepiro atine seng nrimo, gak usah
meri karo konco
(sak podho-podho)
Akeh wong setres mergo urip pe gak beres
Rino wengi mung mburu nduyo, njur lali karo
agomo
Ojo podho ngersulo ndak gelis tuo
Wong yen nrimo urip pe dowo
Wong seng sabar rejekine jembar
Wong yen ngalah urip pe bakal barokah
Sopo seng jujur urip pe makmur
Wong suloyo urip pe soro
Wong seng sombong amale kobong
Sopo seng tlaten tembhe mburi bakal panen
Akeh wong ngaku islam agamane tapi
tumindak e sak karepe dewe
Zamane wes zaman tuo akeh manungso wes
angel di toto maring tuntunane agomo
Senengane malah podho gae duso
Tumindak duso sak bendino podho ra kroso
Sitik-sitik ra ketoro sui-sui dadi cetho
Koyo wong tumindak duso di lakoni sak
bendino
Duso lantaran umungan,lantaran kuping lan
tangan
Kadang-kadang ora kroso mergo pancen
wes kulino
Seng ati-ati kelawan waspodho
menowo siro ngobrol karo konco
Ngrasani tonggo ngojah alane liyo
Kadang ra rumongso awak e gae duso
Ayo mumpung durung telat, enggal-enggal
podho tobat
timbang ning akhirat siro mbesok nompo
adzab
Mung duso sepele kang ora di rasak ke
Nanging gedhe akibate marang awak e dewe
Mumpung isih urip ngibadaho kanti tertip
ngelingono yen wes mati ora bakal iso bali
Mumpung isih waras ibadaho kanti iklas
Ngelingono yen wes loro ora biso opo-opo
Mumpung isih longgar ibadaho kandi sabar
Ngelingono yen wes repot ibadah rasane
abot
Mumpung isih sugih bondo dadio wong seng
lumo
Ngelingono yen wes mlarat rino wengi mung
sambat
Lek wes sugih ko ora kelingan bondo iku mung
titipan
Mbok yo eling karo sanak kadang yen wes
sugih ojo mung nyawang
Tulungono wong seng kekurangan sandang ugo
kurang pangan
Sugih bondo mung sak wetoro mbesok yen mati
ora bakal di gowo
wong seng lumo iklas amale,ngunu iku bakal
akeh ganjarane
Sugihe ojo mung kangge dewe seng mlarat
mbok di gatek ke
Dulur-Dulur Muslimin Muslimat Ayo Pada
golek Sangu Akhirat
Sak Durunge Ketekan Sekarat Ana Ing Kubur
Bakal DitarapBakal Ditakoni Karo Malaikat
Amal Kito Ora Ana Sing Kliwat
Ayo Pada Ngelakoni Sholat Rina Wengi
Mumping Sik Sempat
Zaman Sak Iki Wis Jedek Kiamat Akeh Wong
Seneng Ngekoni Maksiyat
Ninggalno Sholat Lan Emoh Mbayar Zakat
Wis Kadung Kroso Nikmat Lali Akhirat
Konco-Konco Sing Sik Seneng mendem-
menNdeman
Dulur-Dulurku Sing Seneng Togelan
Ayo Podo Dicegah Gak Terus-Terusan
Sebab Mendem Koya Wong Edan, Seneng
Togelan Ngrusak Masa Depan
Seneng Tombokan Gak Iso Dadi Jutawan
Sing Akeh Mari Oleh Tambah Jorjoran
Wong Main Ngono Direwangi Syetan, Dijak
Seneng Gae Konco Langganan
Konco Nom-Noman Sing Sregep Nyelengi,
Yen Wis Akeh Duete Digawe Rabi
Calon Bojone Yo Iso Nyenengi, Morotuwane
Yo Melok mbungahi
Sregep Tangi Ing Tengah Wengi
Dulur-Dulur Ayo Pada Sadar,
Sak Durunge Ketekan Modar
Tinimbang Getun Gak Kenek Dibayar
Urip Ndik Ndunya Iku Mung Sak Gebyar
Arek lanang jaman sa'iki
ganteng-ganteng ora gelem ngaji
seneng ngluyur awan bangi
yen pacaran nomer siji
bucah wadon jaman sa'iki
cilik-cilik wes podho rabi
sebabpe lek gak dang rabi
kedisi'an wetenge gedhi (kedisi'an gendhong
bayi)
AGOMO niku AN-NASEHAH (nasehat)
Nek pancen kito niku enten masalah
,kepingin bener seng ngandani , njih meniko
AGOMO :
Yen agomo omong bener njih bener , ning
yen boten njih boten
Milanipun monggo sareng-sareng wangsul
agomo dipun dadosaken sumber kagem
nylesek aken masalah , lan kagem sumber
inspirasi dumateng kulo panjenengan
lumampah murih slamet bejo ten dunyo
dumugi tekan akhirat
Allohuma Amiiiiiiiiiiiiiin........
Rosulullah pernah bersabda, “Barang
siapa yang menghendaki kebahagiaan
di dunia, maka hendaknyalah dia
meraihnya dengan ilmu. Dan barang
siapa yang menginginkan kebahagian
di akhirat, maka gapailah ia dengan
ilmu, dan barang siapa menghendaki
kedua-duanya, maka rengguhlah pula
ia dengan ilmu
YEN NGAKU SANTRI WIS SAKMESTINE
KUDU NGAJI
YEN WES OLEH ILMU SENAJAN SITIK ZO
DI LAKONI
MUMPUNG ISIH ONO KYAI DI TLATENI
GONE NGAJI
MERGO IKU MBESOK SANGUNE MATI.......
Nalika kita kudu liwat dalan munggah
Senajan krasa wegah lan susah, ning kita kudu
jumangkah
Ya ngono kuwi dalaning urip, kudu dilakoni wong
iku wajib
Ra perlu gumuyu latah-latah yen lagi nemu bungah
Ra usah nggriyeng tetangisan yen lagi nemu
alangan/penandhang
Ngresula, nalangsa, mung bakal nambahi abot ing
coba
Sing becik pancen mung pasrah sumarah,
Pangeran mesthi paring berkah.
amin,,
"ajining dhiri gumantung ono ing lathi,
ajining raga gumantung ing busono.
ajining kesehatan ono ing pikiran,
ajining mulyo ono ing makaryo, ajining
kedhudhukan ono ing kabijaksanan,,,,"
urip ning alam ngarcopodo ki nandur, ning
alam kalanggengan kui suk ngunduh. sing
diunduh koyo opo sing ditandur mbiyen.
urip ning alam ngarcopodo ki ngupload,
ning alam kalanggengan kui suk download.
sing di download koyo opo sing upload
mbiyen.
niatan apik durung karuan
ditompo kanthi apik
nuruti lan ngujo
kasenengan donyan kui
paribasan ngombe banyu
segoro...
TEKUN : sregep, prigel,rajin ulet lan g
gampang putus asa marang opo wae
kerja'an lan tindadakn
TEKEN : tongkat,utowo gondelan,,,wong iku
kudu duwe gondelan seng kuat,teken iso
ugo damel petunjuk,yakni petunjuk dalan
seng becik
TEKAN : kesampek an (kesampean)
MULO SOPO SENG TEKUN GOLEK TEKEN
BAKAL TEKAN
UMETO GAWE UMAT
OJO NGANTI
GAWE UMETTE UMAT
PANTESE URIP KUDU ISO RUMONGSO
TAPI........RUMONGSO ISO GAK PANTES DI
URIPPI....
Belajar Maknane "KUPAT" "Ngaku
Lepat" (Mengakui
Kesalahan):
Ono 3 modele wong salah;
1. wong Salah ngakoni
salahe ( rumongso ),
2. Wong Salah ra ngakoni salahe
( ra rumongso ),
3. Wong salah ngakune bener ( ra
duwe rupo ).
★ DUDU amergo ngrendahne (ngremehne)
marang wong liyo seng dadek ake awak e
dhewe niki MULYO
★ DUDU amergo bikak wadi (aib pe) wong
liyo seng dadek ake awak e dhewe PINUJI
★ DUDU amergo ngafirke marang sedulure
seng dadek ake awak e dhewe dadi wong
IMAN
★ DUDU amergo ngen_nyek (alok) wong liyo
seng dadek ake awak e dhewe PINTER
★ DUDU amergo wong liyo seng dadek ake
awak e dhewe apik
⇉ ~♥~ ANANGING~♥~ ⇉
⇉ AKAL LAN AKHLAQ KITO KIAMBAK INGKANG
DADEK AKEN KITO NIKI DI ANGGEP WONG APIK
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Assalamu'alaikum wr.....wb ....
Alhamdulillah muji syukur dumateng
ngarsanipun pangeran ingkang
sampun maringaken dateng admin lan
pemaos sedoyo njih meniko limpahan
rahmat , nikmat , kesehatan , soho
umur dowo lan sak sanes-sanesipun
,solawat soho salam mugi unjuk katur
dumateng junjungan nabi kito
MUHAMAD SAW mugi-mugi benjang
enten dinten akhir kulo lan
panjenengan sedoyo di pun akoni
minongko umattipun kanjeng nabi amin
.
Ten mriki admin bade damel tulodho
yakni pitutur JOWO ingkang part2 ,
,mugi -mugi lewat tulisan niki sagetto
MANFAATTI tumrappe kulo lan
panjenengan sedoyo , lan mugi2
sagetto nuntun kulo jenengan wonten
dalan ingkang dipun ridhoi pangeran
......amiin
ﺳْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Sirah nganti kanggo sikil
polahe wong golek duwet
Di rewangi mondar-mandir awak e
mobat mabit Mburu senenge urip
Ojo podho ngongso ono ndunyo
golek bondho carane maneko warno
Senajan rekoso , katon ino
seng penting halal iku ora opo-opo
Rezeki iku di buru bakal mlayu
yen pancen durung jatahmu
Ojo podho serakah , luwih becik pasrah
Sethitik lah seng penting barokah
Paribasane bendinane
lawuhe mung sambel , tahu lan tempe
Senajan mangane sak anane
seng penting awak sehat lahir batine
Opo gunane akeh bandane
nanging ora dadek ake tentrem uripe
Akeh bandane salah gunane
nyengsarak ke marang awak e dewe
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Yen podho krungu sworo adzan
gek podho enggal-enggalan
Tinggalno kabeh kerepotan nuhoni
timbalan
Adzan panggilane pangeran
aja'an nglakoni sembahyang
Minongko dadi kewajiban kabeh umat
islam
Yen podho krungu sworo adzan
njur wudhu nuli dandan
Nuju papan pangibadahan ngelakoni
sembahyang
Sambi nunggu rawuhe imam
becik podho puji-pujian
Menowo komat wes kumandang njur
sholat bebarengan
Ayo podho sholat berjamaah
ganjarane langkung katah
Ayo podho sholat berjamaah
nderek dawuh rosulillah
dadekno pakulinan yen bubar
sembahyang
sareng-sareng imam podho wiritan
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Lamun manungso di cubo kelawan kesenengan
lan kemewahan
Kepinginane keturutan uripe sarwo
kecukupan
Dewek e ngomong kanti gampang iki
kanugrahaning pangeran
Nanging menowo manungso di cubo uripe
rekoso
dewek e njur podho kondho jarene allah
ora tresno
Anggepe dungane ora pernah di kabulne
sak bendino mung ngersulo perintahe jur
di sepelek ke
Ono ndunyo namung sepisan , ojo nganti
podo kapusan
Ati-ati karo bujuk e syetan , urip iki
mung sawang sinawang
Bab agomo nyawango duwure , ndadek ake
sregep ngibadahe
Amprihe siro biso nrimo atine , bondo
dunyo nyawango ngisore
Mburu dunyo iku ora ono maremme , menowo
siro ora nrimo atine
Ojo podho meri karo kancane , sebab
rezeki iku dewe-dewe jatahe
Mulo ayo podho di tingkatne ngibadahe
Nyambut gawe sak biso bisane , mung seng
penting halal carane
Elingo poro manungso ojo kondho allah
gak tresno
Sugih dudu ukuran mulyo , mlarat dudu
ukuran ino
Sugeh mlarat iku ujian tumrape wong seng
podho iman
Menowo sugeh podho syukuro , menowo
mlarat podho sabaro
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
zaman edan akeh wong kang lali marang
pangeran
(sholat , ngaji , opo, maneh poso)
mulo poro konco ngelingono ono ndunyo
mung sedelo
(neng ndunyane ojo lali akherate)
nyambut gawe koto-koyo bakal urip
selawase
(mburu dunyo ora ono entek e)
yen lagi ngibadah koyo-koyo dino sesok
bakal pejah
(nyambut gawe ojo lali ngibadahe)
wayah magrib megane abang , mumpung urip
ayo sembahyang
(eling ... eling ... zo kang ... )
ono sumur nang tengah sawah , tambah
umur sregep ngibadah
(eling ... eling ... zow mbah ...........)
mumpung siro isih waras , ngibadahokanti
iklas
(eling ... eling ... zow mas........)
rukun islam ono limo gak sembahyang bakale
tuno
( eman ... eman ... zow pak ...... )
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Sedulur podho eilingo , siro urip ono ing
ngalam dunyo
temenono anggonmu ngaji , tembe mburi ben
ora rugi
Ngelingono lamun wes mati , wes wancine
ora biso nyelak_i
Di sandangi sarwo putih , yen wes budal ora
biso mulih
Di tumpakne kereto jowo , rudho papat rupo
manungso
Jujukane ing jero guo , tanpo bantal tanpo
keloso
Di selehke ngalor mujure , guwone banget
ciutte
Ing kunu ora ono lawange , turu dewe ora
ono kancane
Di tutupi anjang-anjang , di uruki di siram
kembang
Yen uribpe gelem sembahyang , alam kubure
bakal padang
Yen urippe ra gelem sembahyang , di sikso
ping pirang-pirang
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Ayo podho sholat kanggo sangu neng akhirat
Pitulas roka'at rino wengi ojo nganti telat
Yen jejeg sholatte bakal jejeg agamane
yen ninggal solatee bakal rubuh agamane
Wis nyoto sholat iku cagak e agomo
Wes nyoto sholat iku kuncine suargo
Muslimin sedoyo kakung putri enom lan tuo
Mumpung isih ono nduyo ojo ninggal sholat
limo
Mbesok dino kiamat kabeh amal bakal di hisab
Sholat dadi kunci pitakonan nomer siji
Yen becik sholatte di anggep becik kabeh
ngamale
Yen usak sholatte di anggep rusak kabeh
ngamalle
Pendak dina umur sudo sedino,
mati kuwi ora enom ora tuwo,
ora kroso awake dewe wis soyo tuwo,
juru pati lirak- lirik saben dino,
mula kuwi pada elinga yen bakale pada lungo,
tindakno perintah'e agomo,
Aja mung ngerat Donyo,
diokehi sedekahe ben mbesuk mlebu Swargo.
"Ketupat Janure tuwo" Wonten lepat nyuwun
pangapuro.
Sugeng nglampahi warso enggal 2013
t
unyo iki wis tuwo,
Wis tuwo tur keronto-ronto.
Contone akeh putro wani karo wong tuwo,
Akeh joko dadi dudo,
Akeh dudo ngaku joko,
Akeh prawan nglairke putro tanpo bopo,
Akeh rondo towo-towo rogo.
Jare ra penak yen ra dikancani joko.
Akeh omah ibadat ra tau disobo.
Sing disobo malah omahe germo.
Dijak ibadah mesti semoyo.
Jare sambat boyok'e loro.
Sing meneng berarti rumongso.
Sing mesem?lan nggguyu berarti kulino.
Elingo yen sakwayah-wayah dipundut sing
kuwoso.
Ora enom ora tuwo.
Malaekat podo ngincer sing leno.
Mulo jo lali ibadah madhep sing kuwoso.
Yen mati ben mlebu surgo.
Yen mlebu surgo jo lali BB-ne digowo.
Ben iso ngabari lan BBm-an karo konco2.
Yen mlebu neroko BB-ne ra usah digowo,
amargo sinyale ra ono!
Ojo dumeh sugih bondo
Yen pangeran paring loro
Bondo akeh tanpo guno
Dokter mung ngereko doyo
Mulo mumpung siro sugih
Tanjakno jo wigah-wigih
Darmo jo ndadak ditagih
Tetulung jo pilih-pilih
Mumpung siro isih waras
Ngibadaho kanti ikhlas
Yen leloro lagi teko
Sanakmu mung biso dungo
Mumpung siro isih gagah
Mempengo nyengkut jo wegah
Mongko siro yen wus pikun
Ora nelongso karo getun
Mulo konco do elingo
Uripmu sing ngati-ati
Mung sepisan ono dunyo
Yen wus mati ora bali
Gusti Allah wus nyawisi
Islam agomo sejati
Tatanan kang anyukupi
Lahir batin amumpuni
Kitab Qur’an kang sampurno
Tindak Nabi kang pertelo
Sinaunen kang pramono
Sing sregep lan ojo ndleyo
Duh Allah Kang Moho Agung
Mugi paduko maringi
Ngibadah kelawan pitulung
Mergi leres kang mungkasi
Amin Amin Amin Amin
Ya Allah Rabbal ‘Alamin
Mugi Paduko ngabulno Sedoyo penyuwun
kito
Yen sowan Kang Moho Agung
Ojo susah ojo bingung
Janji ridlone pengeran
Udinen nganggo ngamal
Ngamal soleh ora mung siji
Dasare waton ngabekti
nDerek marang Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullahi
mBangun turut ing wong tuwo
Sarto becik maring tonggo
Welaso sak podo-podo
Mulango marang ing popo-popo
Yen ngendiko ngati-ati
Ojo waton angger muni
Raqib-‘Atid kang nulisi
Gusti Allah Kang Ngadili
Urip donyo ora suwe
Bakal ngalih panggonane
Akherat nggon sejatine
Mung ngamal becik sanguine
Sowanmu mring pangeranmu
Sopo kang dadi kancamu
Sarto opo gegawanmu
Kang nylametake mring awakmu
Kulo sowan maring pangeran
Kulo ijen tanpo rowang
Tanpo sanak tanpo kadang
Bondo kulo katilaran
Yen manungso sampun pejah
Uwal saking griyo sawah
Najan nangis anak simah
Nanging kempal mboten betah
Senajan bebondo-bondo
Morine mung sarung ombo
Anak bojo moro tuwo
Yen wis ngurug banjur lungo
Yen urip tan kabeneran
Bondo kang sapirang-pirang
Ditinggal dinggo rebutan
Anake podo keleleran
Eling-eling siro manungso
Nemenono nggonmu ngaji
Mumpung durung katekanan
Malaikat juru pati
Awak-awak wangsulono
Pitakonku marang siro
Seko ngendi siro iku
Menyang ngendi tujuanmu
Kulo gesang tanpo nyono
Kulo mboten gadah sejo
Mung kersane Kang Kuwoso
Gesang kulo mung sak dermo
Gesang kulo sak meniko
Inggih wonten ngalam dunyo
Dunyo ngalam kerameyan
Isine apus-apusan
Yen sampun dumugi mongso
Nuli sowan Kang Kuwoso
Siang ndalu sinten nyono
Jer manungso mung sak dermo
Koyo-koyo sa'iki wes tibo mangsane ,
Agomo islam mung kari arane
Langgar lan masjid mung kari bangunane ,
Alqur-an mung kari tulisane
Pemimpin wes podho ilang adile ,
Wong sugih podho ilang lumane
Fakir miskin wes podho ilang sabare ,
Akeh wanito podho ilang wirange
Tiang sa'niki ono sayange ,podho males ibadahe
Ugo males sholat jamaah e senengane sholat
dewe
Azdane wes di kumandangne , alesan repot
mergawe
Pujian wes di dawakno nanging zo ora gelem
teko
Opo maneh sholat subuhe tangine mletek
srengenge
Krungu azdan malah kelonan akhire ora
subuhan
Ojo piya piye pancenne wes kahanane dunyo
koyo ngene ,
Seng sopo wonge pingin slamet uripe syarate
kudu kuat iman lan taqwane
- TURI-TURI PUTIH
(tak elingna wong sawiji menawa iku kabeh
bakale di bungkus kelawan putih kaya
kembange turi)
-DI TANDUR NENG KEBON AGUNG
(Gak ana maneh kejaba nang kuburan)
-CEMLERET TIBO NYEMPLUNG KEPUNDUNG
KEMBANGE APA
(Mbuh kembange suargo , embuh kembange
neraka tergantung amale dewe-dewe ana ing
dunyane)
- Zaman makmur akeh wong kang padha kufur
Senengane tumindak ngawur urip ngelantur
angel di atur
Para sedulur kakung lan putri akehana
anggane syukur
- Zaman akhir akeh wong kafir
Seneng nuruti nafsu ing pikir ,mondar mandir
ora gelem mikir
Para sedulur kakung lan putri ngekehna
anggone dzikir
- Wes wancine ayo tobat marang gusti
Mumpung durung teko pati kang wes mesti
Nyuwun maring gusti tobat sak tulusing ati
Wiwit cilik nganti sak iki, Mugi gusti ngijabahi
Kahanane akhir zaman , , ,
Ngalor ngidul podho nerak i pranatan
Tanpho iman nuruti bujuk ing syetan
Yen ra ngunu , , ,
Rebutan karo dulur masalah warisan
Pingin sugih ngrusuhi duwek e liyan
Ora nyono Ora ngiro. . .
Dunyo rusak e tananan
Corak kahanane ,dunyo akeh maksiate lali
maring pengeran
Yen menkunu dadine. . .
Nyenengake syetan sak balane
Mulo podho elingo lan waspodho
Yuuk poro konco podho eiling dek zaman
semono
Naliko sek di kudang karo wong tuo
Koyo ngopo gedhene pangurbanane
Tanpo pammrih Awit dadi kewajibane
Di kadang lan di kudang sak bendinane
Supoyo besok dadi wong kang ngerti
kewajibane
Iso ngangkat derajate wong tuo karo
Sa'iki zamane zaman modern
Bondho dunyo gumelar agawe semseng
Mulane yuk co-konco kito seng Waspodho
PANGESTUNE WONG TUO PUSOKO KITO
=> Kasih sayange wong tuo nang anak iku di
ibaratne sak kelopo , tapi lek kasih sayange
anak nang wong tuo iku ibaratte mung sak
upho
Sak gedhi-gedhine upho ora ngarah iso
ngalahne gedhine kelopo senajan kelopo iku
mau kecenthet
Sedoyo muslimah niku AYU , tapi dudu
amergo seng KEMAYU , ananging mergo
budi pekerti lan akhlak seng RAHAYU
Sedoyo tiang kakung islam niku GAGAH
, tapi dudu amergo seng kakean POLAH
, Ananging mergo sregep nglakoni
IBADAH
Sedoyo tiang islam niku HEBAT , tapi
dudu amergo PANGKAT , anangung
mergo iman taqwa ne KUAT
Sedoyo muslimin lan muslimat niku
PAHLAWAN , tapi dudu amergo JURAGAN
, ananging mergo wani lan semangat
sarto teges anggenipun nglampahaken
KABENERAN
Naliko kito nandur pari , mesti ono
sukette seng tukul karepe dhewe , tapi
lek kito nandur suket , ora bakal iso
tukul pari Artine : tumindak seng apik iku
kudu di tandur/ perlu belajar ora iso tukul
karepe dewe,,,tapi lek tumindak olo iku ora
usah belajar iso karepe dhewe
UMUR NIKU NYELOT TAMBAH ,
otomatis MASALAH njih nyelot TAMBAH ,
BEBAN urib pe njih TAMBAH,
YEN ''NGELMUNE'' boten TAMBAH mangke
malah SETRESS se seng tambah, iso-iso
malah ngundomono Gusti Allah , (ngerti
ngundomono pow duk wong-wong ki wehehe)
Alah gampange MAIDHO ngunu wae lah
Pramilo saking meniko MONGGO SAMI
NAMBAHI ILMU njiiiiiiiihhhhhhhhhh , , , ,...????
Sabtu, 30 Mei 2015
PITU TUR JOWO
PAku pagar
Suatu ketika, ada seorang anak laki-laki
yang bersifat pemarah. Untuk mengurangi
kebiasaan marah sang anak, ayahnya
memberikan sekantong paku dan
mengatakan pada anak itu, untuk
memakukan sebuah paku di pagar belakang
setiap kali dia marah …
Hari pertama anak itu telah memakukan 48
paku ke pagar setiap kali dia marah … Lalu
secara bertahap jumlah itu berkurang. Dia
mendapati bahwa ternyata lebih mudah
menahan amarahnya daripada memakukan
paku ke pagar tersebut.
Akhirnya, tibalah hari dimana anak tersebut
merasa sama sekali bisa mengendalikan
amarahnya, dan tidak cepat kehilangan
kesabarannya…. Dia memberitahukan hal ini
kepada ayahnya, yang kemudian
mengusulkan agar dia mencabut satu paku
untuk setiap hari dimana dia tidak marah….
Hari-hari berlalu dan anak laki-laki itu pun,
akhirnya memberitahu ayahnya bahwa semua
paku telah tercabut olehnya. Kemudian, sang
ayah menuntun anaknya ke pagar. “Hmm,
kamu telah berhasil dengan baik anakku,
tapi… lihatlah lubang-lubang di pagar ini.
Pagar ini tidak akan pernah bisa sama
seperti sebelumnya… “Ketika kamu
mengatakan sesuatu dalam kemarahan…
Kata-katamu meninggalkan bekas seperti
lubang ini … dihati orang lain”….
Kamu dapat menusukkan pisau pada
seseorang, lalu mencabut pisau itu kembali…
Tetapi tidak peduli beberapa kali kamu minta
maaf, luka itu akan tetap ada … DAN luka
karena kata-kata adalah sama buruknya
dengan luka fisik
Senin, 25 Mei 2015
Saya punya blog
1.PUTUNEMBOKMISKONAH.BLOG.SPOT.COM
2.AMANGRESIK.BLOGSPOT.COM
3.KASELANPUTRA.BLOGSPOT.COM
4.BARON999.BLOG.SPOT.COM
5.ANAKEINAKAH.BLOGSPOT.COM
6.AMANBARONDUKUN.BLOGSPOT.COM
7.AMANBARON
BLOGSPOT.COM
8.PADANGBANDUNG78.BLOGSPOT.COM
9.SEJATINEURIPNANGALAMDUNYO.BLOGSPOT.COM
10.AMANTIENSI.BLOGSPOT.COM
11.AMANTIENSI.WORDPRESS.COM
12.AMANBARON.WORDPRESS.COM
BB;557D9BÀ0
WA;0125981720
Fb.aman bin kaselan inakah
Wechat id;tiens77550433
Line id;amanfatmawati
Tango;aman santoso(0125981720)
Viber;aman santoso(0125981720)
Tips kanggo wanito
Bismillahirahmanirahim
tip's kagem tiang estri (putri) supoyo
kedah tansah di tresnani marang seng
kakung (bojo)
1. Di usahakne dandan (macak) seng ayu
pas karo bojone
2. Ketokno wajah seng sumeh lan
semringah ono ing ngarepe bojone
3. Luwih merhatekne nang bojone ,supoyo
bojone tansah kroso nyaman lan seneng
utowo bungah
4. Tansah nrimo piro-piro ing peparinge
bojo mbuh niku wujudte nopo kemawon ,
ojo nganti ngeluh lan nyepelek ne
peparingane bojo
5. Boten usah katah-katah panyuwune
dateng bojone, lek sekirane bojone dereng
saget maringi (saget jumbuhne kekarepan
kalian kemampuane bojone)
6. Ngindari umungan seng sekirane gawe
loro atine bojo ,termasuk bantah ,nyentak
lan liyo liane syukur-syukur iso boso karo
bojone wah jan elok temen niku
7. Patuh lan taat maring printahe bojo
selagi ora nglakoni maksiat / nyimpang
saking printahe lan tuntunane agami
8. Dahar bareng /Ngancani pada waktu
pass mangan ,supoyo bojone tansah iso
ngrasak ake nikmate suasana tiang
kalih,guyub rukun gemah ripah lohjinawi
9. Berusaha ngedohi kelakuan,tindak
tanduk lan opo wae seng mboten di senengi
bojone
10. Yen ora ono kepentingan utowo perlu
ora usah metu-metu soko ngumah , mergo
rotho-rotho bojo niku mboten remen
11. Nglipur bojo pas dalam keaadan
sedih,susah
12. Lan seng paling UTOMO ojo ngasi
nolak / alesan nopo kemawon pas di jak
''NGONOK AN'' (zo wes ngerti dewe lah
huhuy) selagi ora ono alangan kanggo
nglakoni NGONOK AN
Niku wau sa'itik tip's kagem poro wanito
ingkang sampun gadah garwo,trus terang
mawon anggenipun nglampahi gih radi
abot alias boten gampang,,,,TAPI lek
panjenengan sedoyo saget nglampahi niku
wau INSYA ALLAH niku termasuk dalane
panjenengan mlebet wonten suwargo
amiiin
Kamis, 30 April 2015
3tanda kucing minta mkn pd kita
3 tanda apabila kucing datang.
Kepada kita bukan orang lain
Pertama
sedang bagi tahu. Makanan kita
hak kita itu. Bukan semuanya
kita. Sebahagiannya rezeki kucing
itu.Sebab itu ia datang pada kita.
Kedua
Allah sedang bagi tahu. Apabila kita
memberi makanan. Kepada kucing itu.
Rezeki lain akan Allah ganti. Yang
lebih baik. Sebab 1 kebaikan itu. Allah
balas 10 kebaikan @ . Allah
Maha Mampu. Bagi lebih dari itu.
Ketiga
Allah sedang bagi tahu. Apabila kita
tak memberi makanan. Kepada kucing
itu. Sebenarnya kita. Sedang menolak
rezeki baru. Allah nak bagi kepada
kita. Rezeki itu luas. Bukan hanya
pada . Tapi meliputi semua
kehidupan. Ingin memberi.
Berilah pada . Kerana haiwan
tak Ucap terima kasih
kepada kita. Ia hanya tahu minta
dan makan
Selasa, 21 April 2015
Terys ber usaha
TETAP BERUSAHA
MEMPERBAIKI AKHLAK YANG BAIK
Seorang penyair berkata:
Jika perangai itu adalah
perangai yang jelek
Maka tidak ada pendidikan
maupun pendidik yang berguna
(Sebagian dinukil dari Nashihati
lin Nisa`, hal.75-76, cet. Darul
Haramain)
72. TETAPLAH ENGKAU TERUS
BERUSAHA MESKIPUN ITU SULIT
Awalnya memang sulit, namun
seperti kata seorang penyair
Arab:
ﻟَﺄَﺳْﺘَﺴْﻬِﻠَﻦَّ ﺍﻟﺼَّﻌْﺐَ ﺃَﻭْ
ﺃُﺩْﺭِﻙَ ﺍﻟْﻤﻨَﻰ
ﻓَﻤَﺎ ﺍﻧْﻘَﺎﺩَﺕِ ﺍﻵﻣَﻞُ ﺇِﻻَّ
ﻟِﺼَﺎﺑِﺮ
Sungguh-sungguh aku akan
menganggap mudah kesulitan itu
hingga diperoleh apa yang
kuinginkan dan kuharapkan
Tak kan tunduk harapan itu
kecuali kepada orang yang
sabar.
73. KEMATIAN PASTI AKAN
DATANG. TAKUTLAH KEPADA
ALLAH
Ibarat ungkapan penyair:
Aku tahu aku kan mati namun
aku tak takut
Hatiku keras bak sebongkah
batu
Aku mencari dunia seakan-akan
hidupku kekal
Seakan lupa kematian mengintai
di belakang
Padahal ketika kematian telah
datang
Tak ada seorangpun yang dapat
mengelak dan menundanya.
Allah subhanahu wata’ala
berfirman,
ﻓَﺈِﺫَﺍ ﺟَﺎﺀَ ﺃَﺟَﻠُﻬُﻢْ ﻻَ
ﻳَﺴْﺘَﺄْﺧِﺮُﻭﻥَ ﺳَﺎﻋَﺔً ﻭَﻻَ
ﻳَﺴْﺘَﻘْﺪِﻣُﻮﻥَ
“Maka apabila telah tiba ajal
mereka (waktu yang telah
ditentukan), tidaklah mereka
dapat mengundurkannya barang
sesaat pun dan tidak pula
mereka dapat
mendahulukannya.” (An-Nahl: 61)
74. YANG HARUS DIMILIKI OLEH
PARA PENUNTUT ILMU
Akan tetapi ingatlah bahwa ilmu
itu memerlukan ketekunan dan
kesungguh-sungguhan
sebagaimana dikatakan:
Berilah kepada ilmu semua yang
ada padamu, maka ilmu itu akan
memberimu sebagiannya.
Juga sebagaimana dikatakan
oleh Imam Asy Syafi’i
rahimahullahu dalam syairnya:
Wahai saudaraku, engkau tidak
akan memperoleh ilmu kecuali
dengan enam perkara.
Aku akan beritahukan kepadamu
perinciannya.
Kepandaian, ketamakan (dalam
mencari ilmu), kesungguhan dan
memiliki bekal.
Berteman dengan guru dan masa
yang panjang.
75. TIDAK GHULUW (BERLEBIHAN)
DALAM MENGHORMATI
SESEORANG
Dalam hal ini, alangkah indah
apa yang disenandungkan oleh
murid lbnu Baththah Al-Hambali,
ia bersyair,
Jika benar nurani kita, cukuplah.
Kenapa harus badan berpayah-
payah?
Jangan bebani saudaramu saat
bertemu,
dengan menghalalkan apa yang
haram untukmu.
Setiap kita percaya terhadap
kecintaan murni saudaranya.
Maka karena dan atas dasar
apa kita menjadi gelisah?
(Al Firqatun Najiyah, Syaikh
Muhammad bin Jamil Zainu)
76. HARTA BISA MERUBAH
SEGALANYA (BAGI ORANG YANG
BODOH)
Berapa banyak kelebihan rizki
Dapat melunakkan dan
menunggangi leher-leher lelaki
kuat
Bukankah seorang penyair
pernah berkata :
Berapa banyak seorang lelaki
yang gagah perkasa
Dapat ditaklukkan dan leher-
leher mereka ditunggangi
Oleh kelebihan harta.
78. KEISTIMEWAAN AHLUL HADITS
Seorang penyair berkata,
Ahli hadits itu, mereka ahli
(keluarga) Nabi.
sekalipun mereka tidak bergaul
dengan Nabi, tetapi jiwa mereka
bergaul dengannya.
79. ORANG YANG MENYURUH
SESUATU TAPI IA SENDIRI TIDAK
MELAKUKANNYA
Tepatlah apa yang dikatakan
oleh seorang penyair:
Dia ditugaskan untuk
memperbaiki manusia padahal
dia sendiri yang menyimpang
Maka bagaimana mungkin
bayangan bisa menjadi tegak
lurus jikalau batangnya sudah
bengkok?
80. JIKA LEBIH SUKA
MENDENGARKAN NASYID DARIPADA
AL QURAN
Alangkah indahnya apa yang
diungkapkan oleh seorang
penyair :
Ketika dibacakan Al Kitab (Al
Qur’an), mereka terpaku, namun
bukan karena takut.
Mereka terpaku seperti orang
yang lupa dan lalai.
Ketika nyanyian menghampiri,
mereka berteriak bagai keledai.
Demi Allah, tidaklah mereka
menari karena Allah.
81. DI ANTARA SIFAT MULIA
RASULULLAH SHALLALLAHU’ALAIHI
WASALLAM
Dan betapa indahnya ucapan
seorang penyair yang mensifati
Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi wa
Sallam dengan sya’irnya:
"Si Putih diminta memohon hujan
dari awan dengan wajahnya. Si
Pemberi makan anak-anak yatim
dan pelindung para janda."
Sya’ir ini berasal dari kalamnya
Abu Thalib yang disenandungkan
oleh Ibnu Umar dan yang lain.
Ketika itu kemarau melanda
kaum muslimin, maka Rasulullah
Shallallahu ‘Alaihi wa Sallam
memohon hujan untuk mereka
dengan berdo’a:
Allahummasqinaa (Ya Allah
turunkanlah hujan kepada kami),
maka turunlah hujan. (HR.
Bukhari)
Adapun makna dan sya’ir
tersebut adalah Rasulullah
Shallallahu ‘Alaihi wa Sallam yang
disifati dengan Si Putih diminta
untuk menghadapkan wajahnya
yang mulia kepada Allah dan
berdo’a supaya diturunkan
hujan kepada mereka. Hal itu
terjadi ketika beliau masih hidup,
adapun setelah kematian beliau
maka Khalifah Umar bin Al
Khathab bertawasul dengan Al
Abbas agar dia berdo’a meminta
hujan dan mereka tidak
bertawasul dengan beliau.
[Dari berbagai sumber]
Senin, 16 Maret 2015
Wong tuo
Bismillahirahmanirahim,,
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was
Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken
Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala,
Engkang Sampun Pareng Pinten-
pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala
Raslulillah,Sholawat soho salam kito
kunjuk dumateng nabi agung Muhamad
SAW
DUKO NE WONG TUO NANG SLIRAMU IKU
PODHO KARO DUKONE PENGERAN
MARANG SLIRAMU , MULO OJO GAWE
WONG TUWO DUKO
=> SAK LAWASE URIB ,ANAK ORA BAKAL
BISO BALES BUDINE WONG
TUWO
- Wong tuo iku ibarate qur-an rusak ,
lek nyekel kudu wudhu disek lan di
deleh panggonan seng duwur
-Wong tuo tau gembol anak , anak
rung tau gembol wong tuo
- Wong tuwo sitok iso ngramut anak
8, tapi anak 8 rung karuan mesti iso
ngramut wong tuo sitok
- Yen ono suksese wong tuo anak iso
nitip kamukten , nanging yen ono
suksese anak wong tuo mung bangga
thok ,seng marem bojone
- Wong tuwo ngeamut anak iku seng
di arep-arep gedhene , TAPI anak
gelem ngramut wong tuwo iku seng di
arep-arep bageane (warisan)
Kasih sayange wong tuwo nang anak
iku ibarate sak doro , tapi kasih
sayange anak nang wong tuwo iku
ibarat mung tumo ,
SAK GEDHI-GEDHI NE TUMO ORA
NGARAH BISO NGALAHNE GEDHINE
DORO SENAJAN DORO NE IKU MAU KATE
KECENTHET , SENAJAN TUMONE
METENG ABOH DI ENTHUB TAWON
Yuuk poro konco podho eiling dek
zaman semono
Naliko sek di kudang karo wong tuo
Koyo ngopo gedhene pangurbanane
Tanpo pammrih Awit dadi kewajibane
Di kadang lan di kudang sak
bendinane
Supoyo besok dadi wong kang ngerti
kewajibane
Iso o ngengangkat derajate wong tuo
ne
Sa'iki zamane zaman modern
Bondho dunyo gumelar agawe
semseng
Mulane yuk co-konco kito seng
Waspodho
PANGESTUNE WONG TUO PUSOKONE
KITO
Senin, 02 Maret 2015
Zaman ws akhir ayo di akehi dzikir.
ﺳْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Sirah nganti kanggo sikil
polahe wong golek duwet
Di rewangi mondar-mandir awak e
mobat mabit Mburu senenge urip
Ojo podho ngongso ono ndunyo
golek bondho carane maneko warno
Senajan rekoso , katon ino
seng penting halal iku ora opo-opo
Rezeki iku di buru bakal mlayu
yen pancen durung jatahmu
Ojo podho serakah , luwih becik pasrah
Sethitik lah seng penting barokah
Paribasane bendinane
lawuhe mung sambel , tahu lan tempe
Senajan mangane sak anane
seng penting awak sehat lahir batine
Opo gunane akeh bandane
nanging ora dadek ake tentrem uripe
Akeh bandane salah gunane
nyengsarak ke marang awak e dewe
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Yen podho krungu sworo adzan
gek podho enggal-enggalan
Tinggalno kabeh kerepotan
nuhoni timbalan
Adzan panggilane pangeran
aja'an nglakoni sembahyang
Minongko dadi kewajiban kabeh
umat islam
Yen podho krungu sworo adzan
njur wudhu nuli dandan
Nuju papan pangibadahan
ngelakoni sembahyang
Sambi nunggu rawuhe imam
becik podho puji-pujian
Menowo komat wes kumandang
njur sholat bebarengan
Ayo podho sholat berjamaah
ganjarane langkung katah
Ayo podho sholat berjamaah
nderek dawuh rosulillah
dadekno pakulinan yen bubar
sembahyang
sareng-sareng imam podho
wiritan
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Lamun manungso di cubo kelawan
kesenengan lan kemewahan
Kepinginane keturutan uripe sarwo
kecukupan
Dewek e ngomong kanti gampang iki
kanugrahaning pangeran
Nanging menowo manungso di cubo
uripe rekoso
dewek e njur podho kondho jarene
allah ora tresno
Anggepe dungane ora pernah di
kabulne
sak bendino mung ngersulo perintahe
jur di sepelek ke
Ono ndunyo namung sepisan , ojo
nganti podo kapusan
Ati-ati karo bujuk e syetan , urip
iki mung sawang sinawang
Bab agomo nyawango duwure , ndadek
ake sregep ngibadahe
Amprihe siro biso nrimo atine ,
bondo dunyo nyawango ngisore
Mburu dunyo iku ora ono maremme ,
menowo siro ora nrimo atine
Ojo podho meri karo kancane , sebab
rezeki iku dewe-dewe jatahe
Mulo ayo podho di tingkatne
ngibadahe
Nyambut gawe sak biso bisane , mung
seng penting halal carane
Elingo poro manungso ojo kondho
allah gak tresno
Sugih dudu ukuran mulyo , mlarat
dudu ukuran ino
Sugeh mlarat iku ujian tumrape wong
seng podho iman
Menowo sugeh podho
syukuro , menowo mlarat
podho sabaro
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
zaman edan akeh wong kang lali marang
pangeran
(sholat , ngaji , opo, maneh poso)
mulo poro konco ngelingono ono ndunyo mung
sedelo
(neng ndunyane ojo lali akherate)
nyambut gawe koto-koyo bakal urip selawase
(mburu dunyo ora ono entek e)
yen lagi ngibadah koyo-koyo dino sesok bakal
pejah
(nyambut gawe ojo lali ngibadahe)
wayah magrib megane abang , mumpung urip
ayo sembahyang
(eling ... eling ... zo kang ... )
ono sumur nang tengah sawah , tambah umur
sregep ngibadah
(eling ... eling ... zow mbah ...........)
mumpung siro isih waras , ngibadahokanti iklas
(eling ... eling ... zow mas........)
rukun islam ono limo gak sembahyang bakale
tuno
( eman ... eman ... zow pak ...... )
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Sedulur podho eilingo , siro urip ono ing ngalam
dunyo
temenono anggonmu ngaji , tembe mburi ben
ora rugi
Ngelingono lamun wes mati , wes wancine ora
biso nyelak_i
Di sandangi sarwo putih , yen wes budal ora
biso mulih
Di tumpakne kereto jowo , rudho papat rupo
manungso
Jujukane ing jero guo , tanpo bantal tanpo
keloso
Di selehke ngalor mujure , guwone banget ciutte
Ing kunu ora ono lawange , turu dewe ora ono
kancane
Di tutupi anjang-anjang , di uruki di siram
kembang
Yen uribpe gelem sembahyang , alam kubure
bakal padang
Yen urippe ra gelem sembahyang , di sikso ping
pirang-pirang