ﺳْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Sirah nganti kanggo sikil
polahe wong golek duwet
Di rewangi mondar-mandir awak e
mobat mabit Mburu senenge urip
Ojo podho ngongso ono ndunyo
golek bondho carane maneko warno
Senajan rekoso , katon ino
seng penting halal iku ora opo-opo
Rezeki iku di buru bakal mlayu
yen pancen durung jatahmu
Ojo podho serakah , luwih becik pasrah
Sethitik lah seng penting barokah
Paribasane bendinane
lawuhe mung sambel , tahu lan tempe
Senajan mangane sak anane
seng penting awak sehat lahir batine
Opo gunane akeh bandane
nanging ora dadek ake tentrem uripe
Akeh bandane salah gunane
nyengsarak ke marang awak e dewe
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Yen podho krungu sworo adzan
gek podho enggal-enggalan
Tinggalno kabeh kerepotan
nuhoni timbalan
Adzan panggilane pangeran
aja'an nglakoni sembahyang
Minongko dadi kewajiban kabeh
umat islam
Yen podho krungu sworo adzan
njur wudhu nuli dandan
Nuju papan pangibadahan
ngelakoni sembahyang
Sambi nunggu rawuhe imam
becik podho puji-pujian
Menowo komat wes kumandang
njur sholat bebarengan
Ayo podho sholat berjamaah
ganjarane langkung katah
Ayo podho sholat berjamaah
nderek dawuh rosulillah
dadekno pakulinan yen bubar
sembahyang
sareng-sareng imam podho
wiritan
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Lamun manungso di cubo kelawan
kesenengan lan kemewahan
Kepinginane keturutan uripe sarwo
kecukupan
Dewek e ngomong kanti gampang iki
kanugrahaning pangeran
Nanging menowo manungso di cubo
uripe rekoso
dewek e njur podho kondho jarene
allah ora tresno
Anggepe dungane ora pernah di
kabulne
sak bendino mung ngersulo perintahe
jur di sepelek ke
Ono ndunyo namung sepisan , ojo
nganti podo kapusan
Ati-ati karo bujuk e syetan , urip
iki mung sawang sinawang
Bab agomo nyawango duwure , ndadek
ake sregep ngibadahe
Amprihe siro biso nrimo atine ,
bondo dunyo nyawango ngisore
Mburu dunyo iku ora ono maremme ,
menowo siro ora nrimo atine
Ojo podho meri karo kancane , sebab
rezeki iku dewe-dewe jatahe
Mulo ayo podho di tingkatne
ngibadahe
Nyambut gawe sak biso bisane , mung
seng penting halal carane
Elingo poro manungso ojo kondho
allah gak tresno
Sugih dudu ukuran mulyo , mlarat
dudu ukuran ino
Sugeh mlarat iku ujian tumrape wong
seng podho iman
Menowo sugeh podho
syukuro , menowo mlarat
podho sabaro
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
zaman edan akeh wong kang lali marang
pangeran
(sholat , ngaji , opo, maneh poso)
mulo poro konco ngelingono ono ndunyo mung
sedelo
(neng ndunyane ojo lali akherate)
nyambut gawe koto-koyo bakal urip selawase
(mburu dunyo ora ono entek e)
yen lagi ngibadah koyo-koyo dino sesok bakal
pejah
(nyambut gawe ojo lali ngibadahe)
wayah magrib megane abang , mumpung urip
ayo sembahyang
(eling ... eling ... zo kang ... )
ono sumur nang tengah sawah , tambah umur
sregep ngibadah
(eling ... eling ... zow mbah ...........)
mumpung siro isih waras , ngibadahokanti iklas
(eling ... eling ... zow mas........)
rukun islam ono limo gak sembahyang bakale
tuno
( eman ... eman ... zow pak ...... )
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠّﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﻦِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ
Sedulur podho eilingo , siro urip ono ing ngalam
dunyo
temenono anggonmu ngaji , tembe mburi ben
ora rugi
Ngelingono lamun wes mati , wes wancine ora
biso nyelak_i
Di sandangi sarwo putih , yen wes budal ora
biso mulih
Di tumpakne kereto jowo , rudho papat rupo
manungso
Jujukane ing jero guo , tanpo bantal tanpo
keloso
Di selehke ngalor mujure , guwone banget ciutte
Ing kunu ora ono lawange , turu dewe ora ono
kancane
Di tutupi anjang-anjang , di uruki di siram
kembang
Yen uribpe gelem sembahyang , alam kubure
bakal padang
Yen urippe ra gelem sembahyang , di sikso ping
pirang-pirang
Senin, 02 Maret 2015
Zaman ws akhir ayo di akehi dzikir.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar