Senin, 16 Maret 2015

Wong tuo

Bismillahirahmanirahim,,
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was
Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken
Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala,
Engkang Sampun Pareng Pinten-
pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala
Raslulillah,Sholawat soho salam kito
kunjuk dumateng nabi agung Muhamad
SAW
DUKO NE WONG TUO NANG SLIRAMU IKU
PODHO KARO DUKONE PENGERAN
MARANG SLIRAMU , MULO OJO GAWE
WONG TUWO DUKO
=> SAK LAWASE URIB ,ANAK ORA BAKAL
BISO BALES BUDINE WONG
TUWO
- Wong tuo iku ibarate qur-an rusak ,
lek nyekel kudu wudhu disek lan di
deleh panggonan seng duwur
-Wong tuo tau gembol anak , anak
rung tau gembol wong tuo
- Wong tuwo sitok iso ngramut anak
8, tapi anak 8 rung karuan mesti iso
ngramut wong tuo sitok
- Yen ono suksese wong tuo anak iso
nitip kamukten , nanging yen ono
suksese anak wong tuo mung bangga
thok ,seng marem bojone
- Wong tuwo ngeamut anak iku seng
di arep-arep gedhene , TAPI anak
gelem ngramut wong tuwo iku seng di
arep-arep bageane (warisan)
Kasih sayange wong tuwo nang anak
iku ibarate sak doro , tapi kasih
sayange anak nang wong tuwo iku
ibarat mung tumo ,
SAK GEDHI-GEDHI NE TUMO ORA
NGARAH BISO NGALAHNE GEDHINE
DORO SENAJAN DORO NE IKU MAU KATE
KECENTHET , SENAJAN TUMONE
METENG ABOH DI ENTHUB TAWON
Yuuk poro konco podho eiling dek
zaman semono
Naliko sek di kudang karo wong tuo
Koyo ngopo gedhene pangurbanane
Tanpo pammrih Awit dadi kewajibane
Di kadang lan di kudang sak
bendinane
Supoyo besok dadi wong kang ngerti
kewajibane
Iso o ngengangkat derajate wong tuo
ne
Sa'iki zamane zaman modern
Bondho dunyo gumelar agawe
semseng
Mulane yuk co-konco kito seng
Waspodho
PANGESTUNE WONG TUO PUSOKONE
KITO

Tidak ada komentar: