Bismillahirahmanirahim
tip's kagem tiang estri (putri) supoyo
kedah tansah di tresnani marang seng
kakung (bojo)
1. Di usahakne dandan (macak) seng ayu
pas karo bojone
2. Ketokno wajah seng sumeh lan
semringah ono ing ngarepe bojone
3. Luwih merhatekne nang bojone ,supoyo
bojone tansah kroso nyaman lan seneng
utowo bungah
4. Tansah nrimo piro-piro ing peparinge
bojo mbuh niku wujudte nopo kemawon ,
ojo nganti ngeluh lan nyepelek ne
peparingane bojo
5. Boten usah katah-katah panyuwune
dateng bojone, lek sekirane bojone dereng
saget maringi (saget jumbuhne kekarepan
kalian kemampuane bojone)
6. Ngindari umungan seng sekirane gawe
loro atine bojo ,termasuk bantah ,nyentak
lan liyo liane syukur-syukur iso boso karo
bojone wah jan elok temen niku
7. Patuh lan taat maring printahe bojo
selagi ora nglakoni maksiat / nyimpang
saking printahe lan tuntunane agami
8. Dahar bareng /Ngancani pada waktu
pass mangan ,supoyo bojone tansah iso
ngrasak ake nikmate suasana tiang
kalih,guyub rukun gemah ripah lohjinawi
9. Berusaha ngedohi kelakuan,tindak
tanduk lan opo wae seng mboten di senengi
bojone
10. Yen ora ono kepentingan utowo perlu
ora usah metu-metu soko ngumah , mergo
rotho-rotho bojo niku mboten remen
11. Nglipur bojo pas dalam keaadan
sedih,susah
12. Lan seng paling UTOMO ojo ngasi
nolak / alesan nopo kemawon pas di jak
''NGONOK AN'' (zo wes ngerti dewe lah
huhuy) selagi ora ono alangan kanggo
nglakoni NGONOK AN
Niku wau sa'itik tip's kagem poro wanito
ingkang sampun gadah garwo,trus terang
mawon anggenipun nglampahi gih radi
abot alias boten gampang,,,,TAPI lek
panjenengan sedoyo saget nglampahi niku
wau INSYA ALLAH niku termasuk dalane
panjenengan mlebet wonten suwargo
amiiin
Senin, 25 Mei 2015
Tips kanggo wanito
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar